Jumat, 14 Februari 2025

Liburan ing Pantai

Ing akhir pekan sing cerah, aku lan keluarga mutusake kanggo nglampahi wektu liburaning Pantai Kidul. Kita berangkat esuk-esuk banget saka omah, nggawa bekal lanperalatan kanggo liburan. Perjalanan kita diwiwiti kanthi semangat amarga iki kesempatan langka kanggo ngendhokke wektu bareng-bareng ing njaba kutha. Nalikane tekan ing pantai, kita langsung disambut karo swara deburan ombak sing pecahing tengah sepi esuk. Angin laut sing seger lan wangi nggawa suasana adhemkanggoawak. Pasir putih ing pinggir pantai katon banget amba, nganti bisa ndelok sejauhpandang. Aku ora sabar pengin langsung main banyu, ngrasakake segering laut singnggodha banget. 

Kita langsung nyebar ing sawetara pojokan pantai. Adikku lan bapak langsung menyangbanyu kanggo main bola pantai, nalika ibu lan aku milih golek panggonan kanggonggodhok lan nikmati kaendahan alam sakubenge. Suasana ing pantai kaya ngeneiki tenang banget, mung krungu swara ombak, kicau manuk laut, lan ngguyu ceriabocah-bocah sing dolanan ing pinggir laut. Pak 

Ora suwe sawisé kuwi, aku mutusake arep mlaku-mlaku nyusuri pantai. Aku weruhsawetara wong padha foto-foto nganggo latar laut biru sing endah banget. Aku mandhegsawetara wektu, njupuk foto kaendahan alam, lan ngrasakake ketenangan sing angel ditemokake ing kutha sing rame.


Sore dinane, kita mutusake mlaku-mlaku ing sepanjang pinggir pantai, nikmati srengengesing arep surup. Langit ganti warna, saka biru cerah dadi oranye keemasan, menehi kaendahan sing luar biasa. Kita padha lungguh bareng sambil nikmati panganan ringansing digawa saka omah. Suasana sing anget lan tenang nggawe kita rumangsa banget syukur bisa nglampahi wektu kaya ngene. 

Liburan ing Pantai Kidul iki ora mung nyegerake badan, nanging uga menehi ketenangankanggo pikiran. Nalika srengenge bener-bener surup ing balik cakrawala, kita rumangsawareg karo pengalaman sing wis diduweni. Kita banjur janjian bakal bali maneh menyangpantai iki ing wektu sing bakal teka, kanggo nikmati kaendahan alamsing ora bisaditemokake ing panggonan liyane.


Contributor : SURYA ABIMANYU. 

Anggota kelompok : PANJI SATRIA R.A. (26), RIANDHIKA ADAMS(27) ,RIDHO ALI A.A (28), RIVALDO FANDOO.(29), RIVALDO DAVA A.H.(30), RIZKYNUGRAHA S.(31), SURYA ABIMANYU (32), WULAN PURNAMA (33)

( XII KL - 1 SMKN 1 WONOASRI )


Tidak ada komentar:

Madilog