Senin, 08 Desember 2025

"Panutaning Hurip"

"Panutaning Hurip"


Ing saben esuk sing sumunar,
katon panjenengan lumaku lir surya.
Nggawa welas, nggawa kawruh,
ngulur sabar tanpa wewates.
Guru, panjenengan kaya geni alit,
murub ing petenging ati bocah-bocah.
Nyareni rasa ragu,
nuntun tekan dalan padhang.
Tembe mburi, swarane piwulangmu
dadi tandha ing uripku.
Sanadyan wektu mlaku adoh,
asmanmu tetep ngresep ing ati.
Guru, panjenengan ora mung mulang,
nanging uga mbangun jati diri.
Saking panjenengan, aku sinau
tepa slira, wani, lan ngajeni.
Mugi tansah pinaringan sih kawelasan,
samangsa panjenengan dadi pepadhang
kang ora entek-enteké,
tumrape generasi sing bakal teka.

Tidak ada komentar:

PELITA DIRUANG KELAS

PELITA DIRUANG KELAS Di antara deret bangku yang sunyi. kau datang membawa cahaya pagi. Langkahmu sederhana. namun ilmunya mengubah dunia. S...