Ing
tengahing pagesangan Ana sosok
kang tansah tiniru Dhèwèké
dudu pahlawan nganggo tamèng Nanging
panutan kang lir padhang rembulan Dhèwèké
yaiku dwija, Guru kang
sabar lan tulus ati Nuntun
bocah-bocah marang pepadhang ngèlmu Tanpa
ngarep pamrih, tanpa njaluk pujian. Saben esuk
ngentas peluh Mbukak
lawang kawruh Ngandharaké
aksara dadi sekar pangarep-arep Lan angka
dadi jembaraning mangsa ngarep. Guru, Kang
tembungmu lir banyu wening Nglipur,
ngelantur, lan ngopeni pikiran Supaya
tuwuh dadi manungsa pinunjul. Saka
panjenengan kula sinau Bab
tatakrama, bab tumraping urip Bab sabar
lan tepa slira Bab mirsani
donya nganggo ati kang resik. Mugi
panjenengan tansah kinarya pepadhang Nglantaraké
generasi tumuju masa depan Nadyan
asring ora kesumbar Pakaryanmu
bakal dadi sari-bubuk pangeling jaman.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar