Kamis, 11 Desember 2025

"Dwija Sang Pamomong"



"Dwija Sang Pamomong"

Ing sela-sela wengi kang meneng,

katon padhang murub saka atimu.

Kowé, dwija kang satuhu,

nggulawenthah rasa, nguwahi peteng dadi padhang.


oIng ngarepmu, bocah-bocah taksih kembang,

nggagas donya nganggo pangajab.

Kowé paring banyu kasabaran,

lan pepadang kawruh tanpa jemu.


Ora ngoyak pujiàn,

ora nyuwun pangalembana.

Tugasmu mung siji:

ngemutaké dalan becik tumrap generasi sabanjure.


Dwija,

sinerawung ing pakarti.

Sanadyan suaramu alus kaya angin giring,

tapine duwé daya kang nguripi ati.


Mugi kabecikan tansah nggandheng,

ing saben langkah kang kok tata.

Amarga ing saben maknaning tembungmu,

ana masa depan sing kok warahi cahya


Revano Wahyu e.p/18

Rafii alfatih/12

raffi ramadhan/11

Priscilla Ficho S.a/10

Rega Ardi N/14

Rengga setiawan/16

Reyhan awi Y/13


Tidak ada komentar:

PELITA DIRUANG KELAS

PELITA DIRUANG KELAS Di antara deret bangku yang sunyi. kau datang membawa cahaya pagi. Langkahmu sederhana. namun ilmunya mengubah dunia. S...