"Dwija Panuntun Urip"
Ing sawijining esuk kang wurung sumunar,
panjenengan rawuh kanthi mesem sumorot padhang.
Tembung panjenengan dados obor cilik
kang nuntun aku metu saka pepeteng kawruh.
Guru…
ing saben langkah panjenengan,
ana lampah tanpa pamer,
ana sabar tanpa wates,
ana pengabdian sing ora njaluk bebungah.
Panjenengan kinarya sumur panguripan
ing ngendi aku sinau ngombe tepa slira.
Panjenengan kinarya wit kang sumrambah
menehi lindhung lan piwulang kanggo para murid.
Mugi kabecikan lan bageya tansah makempal
ing urip panjenengan.
Awit saben mimpi sing sumunar ing masa depanku,
ana tetes kringet lan tresna tulus sang dwija.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar