“Padang Pewayangan Dwija”
|
Ing
tengahing wengi kang lir sepi, kawurung
swara kajaba angin nggawa
pitutur saka jaman kuna. Ana
sawijining cahya lembut murub ing
papan pangawikan, dheweke
dudu lintang, dudu geni, nanging
dwija kang tansah mulat sarira. Guru… kowe kaya sendhang
bening, ngombé
ketresnan lan kawruh marang
sapa wae sing kepengin nyedhaki. Ing saben
tembungmu ana pituduh, ing saben
langkahmu ana tuladha, sanadyan
ora tansah katon, kasilmu
tumancep kaya wiji sing bakal
tuwuh dadi wit urip. Kowe ora
mung maca aksara, nanging
maca ati; ora mung
maringi angka, nanging
mbangun pangarep-arep. Saben esuk
kowe sowan marang wektu, nggawa
sabar minangka keris, lan welas
minangka tameng, ngayomi
bocah-bocah sing
nggoleki dalan mangsa ngarep. Kelompok 2: 1.Karissa Anggun (02) 2.Kevin Ozhi (03) 3.Krisna Aditya (04) 4.Latisha Nova (05) 5.Meyssha Justin (08) 6.Moch. Alfian (09) 7.Moch. Ihtiar (10) 8.Pramudesta M (16) 9.Ryan Almi (26)
|
Guru… jenengmu cilik, tugasmu
gedhe, jejakmu
langgeng ing
pikiran lan jiwane bangsa. |

Tidak ada komentar:
Posting Komentar