Rabu, 10 Desember 2025

“GURU PAPATANG CAHYA”

“GURU PAPATANG CAHYA”



Guru…
Panjenengan dadi pituduh uripku, kaya lintang ing langite wengi
sing ora nate padam madhangi dalan.

Saben tembung panjenengan
ngalir lir udan seger ing mangsa ketiga, numbuhake semangat
lan nguripi pikiran kang garing.

Panjenengan ora mung mulang, nanging uga nuntun
kaya wong tuwa ing sekolah, ngopeni langkah-langkahku supaya ora kesasar ing peteng.

Dwija…
Jenengmu dak simpen ing ati, merga panjenengan dadi pahlawan tanpa sanjata
tanpa geger,
nanging menangake peperangan nglawan bodho lan petenge urip.

Mugi kasabaran lan kabecikanmu tansah tinulis dening wektu,
lan bali dadi berkah
ing saben dina kang kok lampah.


NAMA
1. Davio shilva M.S(11)
2. Dekhan aditya P(12)
3. Doni anggara P(13)
4. Fadjri Esa P (14)
5. Firman cahya R(15)
6. Galih dwi P(16)
7. Irvan dwi N (17)

Tidak ada komentar:

PELITA DIRUANG KELAS

PELITA DIRUANG KELAS Di antara deret bangku yang sunyi. kau datang membawa cahaya pagi. Langkahmu sederhana. namun ilmunya mengubah dunia. S...