Rabu, 10 Desember 2025

DWIJA ING PANDELENGAN

DWIJA ING PANDELENGAN


Dwija, panjenengan minangka pawiyatan Ora mung ngulang aksara, ngukir itungan. Nanging nuntun tangan, ngajak mawas diri
Supaya urip iki migunani, ora mung dhuwit kang digoleki.

Sabar, iku pusaka utama panjenengan
Ngadhepi maneka wanda, saka bocah cilik nganti diwasa. Nglebokaké winih kabecikan ing saben jiwa
Mratelakaké ajining laku, lan rasa tresna marang sesama.

Nalika aku cubluk, Panjenengan ngulungake pepadhang Nalika aku klèru, Panjenengan ngelungake pangapura.
Dudu paukuman, nanging pitutur kang marahi padhang Ngajari ngadhepi urip, kanthi landhesan agama lan nalar.

Matur nuwun, Dwija, Guru ing Pandelengan Sliramu dadi cagak, njaga pagering kawruh. Jasamu jembar, ngluwihi segara tanpa tepi

Muga Gusti paring ganjaran, kang tanpa winates.



KELOMPOK:2
ALIF CAHYA D.A
ANANDA ZAHRA S. 
AUREL FEBIOLA
DESY NUR A
EFENDY TRI P.
ELANG FAURENO A.A
IMELDA GITA S. 
IMELDA PUTRI U.

Tidak ada komentar:

PELITA DIRUANG KELAS

PELITA DIRUANG KELAS Di antara deret bangku yang sunyi. kau datang membawa cahaya pagi. Langkahmu sederhana. namun ilmunya mengubah dunia. S...