Ing sawijining desa kang tentrem lan asri,
ana bocah loro kang tansah bebarengan, jenenge Raka lan Jalu. Raka bocah kang
pinter lan seneng sinau, dene Jalu bocah kang sregep lan trampil ing gawe
tangan. Sanajan sipate beda, nanging dheweke tansah rukun lan ora nate pisah.
Saben esuk, Raka lan Jalu bebarengan
menyang sekolah. Nalika mlaku liwat sawah, dheweke ngobrol babagan impen-impene.
Raka ngimpi pengin dadi guru, dene Jalu kepengin dadi tukang ukir kayu sing
misuwur. Sawise sekolah, dheweke dolanan ing pinggir kali, nggawe prau saka
godhong lan nglumpukake watu-watu unik. Kadang, Jalu nggawe patung cilik saka
kayu, dene Raka ngancani karo maca buku.
Dina-dina sing nyenengake iku ora suwé
banjur malih. Ing sawijining wengi, udan deres banget nganti kali ing desa
banjir. Banjir gedhe nyapu omah-omah warga, kalebu omahe Jalu. Kahanan desa
dadi kacau, akeh warga kang kepeksa ngungsi. Banjir iku ndadekake kulawargane
Jalu kudu pindah menyang kutha kanggo golek panguripan anyar.
Nalika Jalu pamitan, Raka ora bisa
ndelikake kesedihane. "Aku ora pengin pisah karo kowe, Jalu," ujare
Raka karo swarane serak. Nanging Jalu mesem lan nyenyet tangan Raka,
"Sanajan aku adoh, kekancan e awak dewe bakal tetep ana. Aku bakal nulis
surat saben ana wektu."
Sawise Jalu lunga, Raka ngrasa sepi. Saben
sore, dheweke lungguh ing pinggir kali, ndelok banyu mili lan ngelingi
dina-dina sing wis kepungkur. Ora suwé, layang saka Jalu tekan. Jalu nyritakake
pengalaman ing kutha, carane sinau ukir kayu, lan kepiye dheweke ngimpi bisa
bali menyang desa.
Raka tansah mbales layang Jalu, nyritakake
bab desa, guru anyar, lan petualangan ing sawah. Taun-taun lumaku, lan sanajan
ora nate ketemu maneh, kekancan tetep urip ing atine.
Sawijining dina, Jalu menang lomba ukir
kayu lan layang saka kutha ngandharake yen dheweke bakal bali menyang desa.
Raka bungah lan ngenteni tekané Jalu. Nalika dina sing dianti-anti tekan, Raka
mlayu menyang alun-alun desa. Ing kana, Jalu ngadeg karo nggawa patung kayu
cilik sing diukir nganggo katresnan.
"Raka!" ujare Jalu kanthi mesem.
Raka nyedhaki lan nyeluk, "Jalu! Kowe
bali!"
Tanpa ragu, dheweke loro langsung rangkulan
kaya biyen. “Aku janji bakal bali, rak? Kekancan e awak dewe tanpa wates,”
kandha Jalu.
Raka mesem lan kandha, “Sanajan awak dewe
pisah adoh, awak dewe tetep kanca saklawase.”
Saka kahanan iku, Raka lan Jalu mangerteni
manawa kekancan sejati ora bakal sirna amarga jarak utawa wektu. Sanajan ora
ketemu saben dina, rasa percaya lan kenangan bebarengan bakal tetep ana ing
atine
Sumber :
https://pin.it/3aUsEd1CY.
Kelompok 4 X DKV 2, Intan Qomariyah (01), Rakeysa Jesica P. (22), Tiara Mahardita P.A (30),Nayra Zulfia Dwi F (12),Rika Mirnawati (25), Viora Widuri P (32), Niken Dewi N. (13) , Syifa Aulia Zahra (29) , Wafiq Azizah (34)
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar